Gus tf Sakai
Gustafrizal Busra utawi ingkang misuwur kanthi sebatan Gus tf Sakai utawi Gus tf, ingkang miyos wonten ing Payakumbuh, Sumatera Barat ing tanggal 13 Agustus 1965 inggih punika kalebet salah satunggaling pujangga saha sastrawan Indonésia. Sandhi asma Gus tf Sakai dipun-ginakaken nalika piyambakipun nembé nyerat prosa, déné nama Gus tf dipun-ginakaken manawi piyambakipun nembé nyerat puisi. Ngantos sapunika, piyambakipun dalem wonten ing Payakumbuh, Sumatra Barat. Sursă: https://jv.wikipedia.org/wiki/Gus_tf_Sakai